BAHASA DAERAH-Unggah-ungguh basa
Unggah-ungguh basa kaperang dadi basa ngoko (ngoko lugu lan ngoko alus) lan basa krama (krama lugu lan krama alus). Ing kalodhangan iki ngelingake bab basa krama kang kaperang dadi loro, yaiku :
1. Basa Krama lugu
Paugerane Basa Krama Lugu, Basa krama lugu yaiku basa kang tembung-tembunge kabeh migunakake basa krama, ater-ater lan panambang kabeh kudu dikramakake. Panggonane ing pasrawungan nuduhake watak ngajeni nanging kurang alus marang wong sing diajak guneman.
Gunane Basa Krama Lugu, Basa krama lugu iku dienggo guneman dening : (1) wong enom marang wong tuwa, (2) wong sing lagi tetepungan anyar, (3) murid marang gurune, (4) abdi marang bendarane.
Wewatone Basa Krama Lugu
1). Tembung-tembung sing ana kramane diganti tembung krama, dene sing ora ana kramane tetep ngoko. Tuladhane :
Kula badhe tumbas woh-wohan kados : pelem, nanas, gedhang, kaliyan anggur.
2). Tembung sing magepokan karo dhiri pribadi sing ana tembunge krama, tetep dikramakake. Tuladhane :
Sampeyan punapa sampun sumerep griya kula, sapunika semah kula sampun wangsul.
3). Tembung-tembung sing magepokan karo kewan, wit-witan, lan barang sing ana kramane tetep dikramakake. Tuladhane :
Tanggi kula ngantos sapunika tasik sakit dereng saged mlampah.
2. Basa Krama alus
Paugerane Basa Krama Alus, Basa krama alus yaiku basa kang digunakake kanggo pacaturan kang nggunakake basa krama kang alus, nanging yen kanggo awake dhewe tetep nggunakake krama lugu.
Gunane Basa Krama Alus, Basa krama alus digunakake dening : (1) anak marang wong tuwa, (2) murid marang guru, (3) wong enom marang wong tuwa, (4) wong kang lagi tetepungan.
Wewatone Basa Krama Alus
1). Tembung-tembung ngoko sing ana krama aluse diganti nganggo tembung krama alus, sing mung ana krama lugune diganti tembung krama lugu, dene sing ngoko ora ana tembung kramane tetep tembung ngoko wae. Tuladhane :
Garwanipun Pak Tarji mundhut pisang, pelem, kaliyan apel.
2). Tembung sing magepokan karo dhiri pribadi sing ana tembunge krama alus, ora dienggo, sing dienggo tembunge krama lugu, yen ora ana tembunge krama lugu sing dienggo tembunge ngoko. Tuladhane :
Wekdal putranipun bu Lurah gerah, yoga kula dereng wangsul.
3). Tembung-tembung sing magepokan karo kewan, wit-witan lan barang, tembung krama aluse ora dienggo, sing dienggo tembunge krama lugu yen ora ana tembunge krama lugune, sing dienggo tembunge ngoko. Tuladhane :
Pak Brata manahipun radi kuwatos, lembunipun ingkang sakit mboten purun nedha, tanemanipun pantun kathah ingkang risak.
Komentar
Posting Komentar